KontenBahasa & Sastra. Lutung Kasarung. 5/6/2019 8:39:24 AM / ditulis oleh penyelenggara8. Dalam cerita ini dikisahkan Prabu Siliwangi mempunyai anak salah satu nya bernama Banyak Catra untuk menggantikannya sebagai raja tapi Banyak Catra menolak karena belum memiliki permaisuri pujaannnya. Banyak Catra mendengar suara petunjuk bahwa ia akan
Lutung Kasarung Ing sawijining dina, ana Raja sing adil lan bijaksana. Asmanipun Prabu Tapa Agung. Prabu Tapa Agung nduweni 7 putri sing ayu banget, yaiku Purbararang, Purbadewata, Purbakencana, Purbaendah, Purbaeuwih, Purbamanik, lan Purbasari. Lima antarane putri-putri mau wis nikah lan dadi permaisuri ing kerajaan liya. Sakniki, mung ana Purbasari lan Purbararang sing durung nikah. Nanging Purbararang wis nduweni calon garwa sing ngganteng lan gagah prakoso yakuwi Raden Indrajaya. Prabu Tapa Agung bingung, amarga nganti saiki Prabu durung nemokake pewaris dhampar Kerajaan Pasar Batang sing bakal nggantekake dheweke. Prabu Tapa Agung ngipi didhawuhi ninggalake istana lan ngewenehake dhampare marang Purbasari. Akhire Prabu Tapa Agung netepake Purbasari dadi pewaris dhampar Kerajaan Pasar Batang. Nanging, Purbararang ora setuju yen Purbasari sing dadi pewaris dhampar kerajaan. Purbararang lan Raden Indrajaya nggawe siasat kanggo nyilakakake Purbasari. Purbararang njaluk pitulungan dukun nggawe ramuan sing bisa nyihir Purbasari dadi ala. Wayah esuk, Purbasari tangi lan ngombe banyu ning kendi sing wis dicampuri ramuan karo Purbararang. Dumadakan sak kujur awake Purbasari ana binthik-binthik ireng lan ambune ora enak. Akhire, Purbasari diasingake menyang alas. Saben dinane, Purbasari urip dewe ung njero alas lan dikancani kewan-kewan. Ing sawijining dina, Purbasari dulin karo kewan-kewan ing njero alas. Dumadakan ana kewan awujud kethek sing tibo tekan wit-witan ing ngarepe Purbasari. Purbasari keweden. Banjur kethek kuwi ngenalake dheweke. Purbasari ora wedi maneh, lan ngewenehi jeneng kethek mau, Lutung Kasarung. Lutung Kasarung asline manungsa tapi awujud kethek amarga kena kutukan. Pungkasane, Purbasari lan Lutung Kasarung dadi kanca akrab lan njalani urip bebarengan ning alas lan katon rasa tresno marang karone. Esuk-esuk, Lutung Kasarung ngajak Purbasari menyang ibuke Lutung kanggo ngobati penyakite Purbasari. Ibuke Lutung banjur ngutus Purbasari nyemplung menyang telogo ing tengah alas. Dumadakan binthik-binthik ireng ing sak kujur awake Purbasari ilang. Purbasari katon ayu maneh. Kedadeyan ing njero alas iku, akhire dirungokake dening Purbararang. Salah sawijine prajurit ing kerajaan marani Purbasari lan ngajak Purbasari supaya mbalik menyang kerajaan. Rawuh e Purbasari di tampa apik dening kaluwarga kerajaan. Ing wektu iku, Purbararang mbujuk Prabu Tapa Agung supaya nganakake patembaya, sapa wong sing paling ayu bakal dadi pewaris dhampar kerajaan. Prabu Tapa Agung nyetujoni lan nganakake patembaya kuwi. Wayah esuk, Purbararang lan Purbasari nindakake lomba, lan dideleng kabeh rakyat Kerajaan Pasar Batang. Lomba Kesiji, tanding masakan. Purbasari sing menang. Lomba ke loro, Purbasari lan Purbararang tanding rambut. Sapa rambut e paling dawa, kuwi sing menang. Nanging ing lomba ke loro iki, Purbasari pancet dadi pemenang. Isik ana siji lomba maneh, yaiku adu calon garwa. Calon garwane Purbararang yakuwi Raden Indrajaya, pangeran sing ngganteng lan gagah prakoso. Nanging calon garwane Purbasari yakuwi Lutung Kasarung, manungso awujud kethek. Purbararang lan Raden Indrajaya ngguyu ngremehake calon garwane Purbasari. Dumadakan si Lutung ganti dadi pangeran sing gagah prakoso, asmane Guruminda. Gagah e Guruminda ngalahake Raden Indrajaya. Pungkasane, Prabu Tapa Agung netepake Purbasari dadi pemenang lan pewaris dhampar kerajaan. Pancen Purbasari sing pantes dadi pewaris dhampar Kerajaan Pasar Batang. Purbararang lan Raden Indrajaya langsung sujud marang Guruminda lan Purbasari. Karone nyuwun sepuro marang Purbasari, supaya mbathalake hukuman pancung. Purbasari nyetujoni panjaluke Purbararang. Akhire sakabehe seneng lan urip tentrem. Bebener lan kaluhuran bisa ngalahake keelekan e wong sing sawenang-wenang lan bakal entuk pitulungan dening Gusti Allah. Bebener bakal kelakon dadi juara. Share This
Programaudio pembelajaran yang akan dikembangkan ini menceritakan cerita rakyat Lutung Kasarung yang berasal dari Jawa Barat. Dalam program audio pembelajaran cerita rakyat Lutung Kasarung ini, menceritakan kisah seorang Sanghyang Guruminda dari Khayangan ke bumi dalam wujud seekor lutung atau kera hitam berekor panjang.
NASKAHDRAMA LUTUNG KASARUNG DALAM BAHASA JAWA Lutung Kasarung Ing sawijining dina ana Raja sing adil lan bijaksana. Asmanipun Prabu Tapa Agung. Prabu Tapa Agung duweni putri yaiku Purbasari lan Purbararang. Prabu Tapa Agung bingung amerga nganti saiki urung nemokakae pewaris tahta sing nggantekake dheweke. Prabu Tapa Agung ngipi didawuhi
AssalamualaikumWr. Wb.Halo rek! Ini video drama bahasa Jawa persembahan dari kelas 11 Bahasa Smanika kelompok genap. Di sini kami membawakan drama Lutung Ka
JawaBarat sama-sama memiliki cerita "Lutung Kasarung". Keduanya bercerita tentang seorang pemuda yang menyamar menjadi lutung 'sejenis kera' untuk mendekati putri yang dicintainya. Meskipun demikian, kedua cerita itu sangat berbeda. Di Jawa Barat, tokoh dalam cerita itu adalah Purbasari dan Guru Minda, sedangkan di Jawa Tengah
1 LUTUNG KASARUNG Dening : Erwin Kurniawan Prabu Tapa Agung menunjuk Purbasari, putri bungsunya sebagai pengganti. "Aku sudah terlalu tua, saatnya aku turun tahta," kata Prabu Tapa. Purbasari memiliki kakak yang bernama Purbararang. Ia tidak setuju adiknya diangkat menggantikan Ayah mereka. "Aku putri Sulung, seharusnya ayahanda memilih aku
PFLCzxf. qqn70kvo57.pages.dev/278qqn70kvo57.pages.dev/98qqn70kvo57.pages.dev/257qqn70kvo57.pages.dev/124qqn70kvo57.pages.dev/141qqn70kvo57.pages.dev/256qqn70kvo57.pages.dev/296qqn70kvo57.pages.dev/185qqn70kvo57.pages.dev/304
drama lutung kasarung bahasa jawa